Bahasa lain Sekolah Dasar Rawa Pening Nalika jaman semana, ing Desa Banarawa duwe adat nganakake memetri desa ing saben taun, yaiku nganakake slametan supaya wong ing desa kono padha slamet. Kanggo memetri iku kudu ana sarate, yaiku daging kewan. Wong-wong ing Desa Banarawa padha menyang alas arep golek daging kewan. Aneh, wis meh sedina muput wong-wong mau durung oleh kewan siji-sijia, Ki Juru Mathokan, lurahe Desa Banarawa ngajak wong-wong padha leren dhisik. Wong-wong kuwi mau banjur padha ngaso. Sajrone ngaso kuwi ana wong sing lungguh ana dhuwure wit kang ambruk. Gamane arupa peso kang ditancepake ana wit kang dilungguhi. Wong mau kaget banget amarga saka wit kang ditancepi peso, metu banyune abang. Dheweke bengok-bengok. Kanca-kanca padha krungu, nuli nyedhaki. Wong-wong mau kepengin weruh asale banyu abang mau. Jebul banyu abang iku getih ula. Ula banjur dipateni, daginge digawa mulih, Daging ula kuwi mau kanggo sarate memetri desa. Nalika kuwi, ana bocah bajang. Bocah bajang mau sejatine membane ula, yaiku Ula Baru Klinthing. Weruh yen daginge ula uwis mateng, bocang bajang marani omahe Ki Juru Mathokan. Si Bajang tekan omahe Bok Randha. Bok Randha iku uripe rekasa. Senadyan mangkono, nanging luhur budine. Dheweke seneng tetulung marang sapa bae. Mula tekane Si Bajang ditampa kanthi becik. Bocah bajang mau diwenehi sega lan daging iwak ula. Sawise mangan, bocah bajang mau pamitan marang Bok Randha. "Bok, saestu kula nyuwun pamit. Kula gadhah weling sekedhik. Mangke badhe wonten bena bandhang. Mila simbok kedah nyawisaken lesung. Mangke simbok nitih lesung, nggih? Mugi tansah manggih wilujeng." Pesene Baru Klinthing. Baru Klinthing lunga menyang omahe Ki Juru Mathokan. Ing kana dheweke nganakake sayembara, nancepake sada lananging latar. Baru Klinthing banjur nantang bocah-bocah ing kana. Bocah-bocah padha nyoba mbedol, nanging ora ana sing kuwat. Ki Juru Mathokan melu nyoba mbedol sada lanang. Sada lanang tetep ora bisa dibedol. Gandheng ora ana sing kuwat, Baru Klinthing mbedol sada lanang mau. Sada lanang klakon dibedhol. Sanalika tilas tancebane sada lanang mau metu banyune. Banyu kang saya gedhe dadekake banjir bandhang. Wong-wong ing Banarawa padha mati klelep, kejaba Bok Randha kang kelingan pesene Baru Klinthing. Banarawa dadi rawa kang aran Rawa Pening, dununge ana ing Ambarawa.

1. cerita rawa pening kepriye watake bok randha
2. apa adat kang dilakoni dening masyarakat Indonesia banarawa
3. sapa kang dadi lurah desa banarawa ing crita ing duwur
4. sayembara apa kang dianakake dening baru klinting
5. apa kang diarani mungfangat religus crita rakyat
6. sebutna cerita legenda kang kawentar kang kok mangerteni
7. apa bae kang bisa diangkat dan di tema ing dongeng sebutna
8. jlentrehna jinising dongeng
9. sebutna telu bae kagunane crita rakyat
10. apa kang diarani paraga tambahan ing sajroning crita

ayo kak bantuuu mau dikumpulkan ​

Rawa Pening Nalika jaman semana, ing Desa Banarawa duwe adat nganakake memetri desa ing saben taun, yaiku nganakake slametan supaya wong ing desa kono padha slamet. Kanggo memetri iku kudu ana sarate, yaiku daging kewan. Wong-wong ing Desa Banarawa padha menyang alas arep golek daging kewan. Aneh, wis meh sedina muput wong-wong mau durung oleh kewan siji-sijia, Ki Juru Mathokan, lurahe Desa Banarawa ngajak wong-wong padha leren dhisik. Wong-wong kuwi mau banjur padha ngaso. Sajrone ngaso kuwi ana wong sing lungguh ana dhuwure wit kang ambruk. Gamane arupa peso kang ditancepake ana wit kang dilungguhi. Wong mau kaget banget amarga saka wit kang ditancepi peso, metu banyune abang. Dheweke bengok-bengok. Kanca-kanca padha krungu, nuli nyedhaki. Wong-wong mau kepengin weruh asale banyu abang mau. Jebul banyu abang iku getih ula. Ula banjur dipateni, daginge digawa mulih, Daging ula kuwi mau kanggo sarate memetri desa. Nalika kuwi, ana bocah bajang. Bocah bajang mau sejatine membane ula, yaiku Ula Baru Klinthing. Weruh yen daginge ula uwis mateng, bocang bajang marani omahe Ki Juru Mathokan. Si Bajang tekan omahe Bok Randha. Bok Randha iku uripe rekasa. Senadyan mangkono, nanging luhur budine. Dheweke seneng tetulung marang sapa bae. Mula tekane Si Bajang ditampa kanthi becik. Bocah bajang mau diwenehi sega lan daging iwak ula. Sawise mangan, bocah bajang mau pamitan marang Bok Randha. "Bok, saestu kula nyuwun pamit. Kula gadhah weling sekedhik. Mangke badhe wonten bena bandhang. Mila simbok kedah nyawisaken lesung. Mangke simbok nitih lesung, nggih? Mugi tansah manggih wilujeng." Pesene Baru Klinthing. Baru Klinthing lunga menyang omahe Ki Juru Mathokan. Ing kana dheweke nganakake sayembara, nancepake sada lananging latar. Baru Klinthing banjur nantang bocah-bocah ing kana. Bocah-bocah padha nyoba mbedol, nanging ora ana sing kuwat. Ki Juru Mathokan melu nyoba mbedol sada lanang. Sada lanang tetep ora bisa dibedol. Gandheng ora ana sing kuwat, Baru Klinthing mbedol sada lanang mau. Sada lanang klakon dibedhol. Sanalika tilas tancebane sada lanang mau metu banyune. Banyu kang saya gedhe dadekake banjir bandhang. Wong-wong ing Banarawa padha mati klelep, kejaba Bok Randha kang kelingan pesene Baru Klinthing. Banarawa dadi rawa kang aran Rawa Pening, dununge ana ing Ambarawa.

1. cerita rawa pening kepriye watake bok randha
2. apa adat kang dilakoni dening masyarakat Indonesia banarawa
3. sapa kang dadi lurah desa banarawa ing crita ing duwur
4. sayembara apa kang dianakake dening baru klinting
5. apa kang diarani mungfangat religus crita rakyat
6. sebutna cerita legenda kang kawentar kang kok mangerteni
7. apa bae kang bisa diangkat dan di tema ing dongeng sebutna
8. jlentrehna jinising dongeng
9. sebutna telu bae kagunane crita rakyat
10. apa kang diarani paraga tambahan ing sajroning crita

ayo kak bantuuu mau dikumpulkan ​

Jawaban:

1 . Watake mbok randha yaiku becik utawa apikan , gelem tetulung matang sapa bae .

2 . Adat kang dilakoni yaiku Memetri desa , tradisi selamatan saben taun .

3 . Lurah desa Banarawa yaiku Ki Juru Mathokan .

4 . Sayembara nancepake Sada lananing latar .

6 . Asal Usule Kutha Semarang , Asal Usule Salatiga , Asal Usule Selat Bali .

8 . Dongeng Legenda , Fabel .

9 . Kanggo sarana hiburan , edukasi lan informasi .

10 . Paraga tambahan kang mbiyantu paraga utama ing alur cerita .

Semoga Membantu Kawan :)

[answer.2.content]